Pengikut

Selasa, 17 Juni 2014

Tradisi Suronan



Tradisi suronan yaiku salah sawijining tradisi ana ing sasi suro tepte tanggal siji suro. Ana ing daerah-daerah, suronan sering migunakake pagelaranan macapatan. Nanging macapatan iku ora mesthi ana ing kabeh daerah. Salah sawijining tuladha daerah kang ngadhakake suronan nganggo macapatan yaiku daerah Pemalang. Macapatan lan Suronan dadi sak paket kang ora bisa dipisahake. Ana ing daerah tartamtu, macapatan dhewe sering kanggo keperluan tradisi, kayata resik-resik desa, munggahke umah, lan liya-liyane.

Ana ing sakwijining daerah, suronan dianakake kanthi cara prosesi nglarung, yaiku mbuwang sajen-sajen ana ing laut. Ora mung sajen, nanging ana uga ndhas kebo. Miturus kepercayanan daerah, iku mujudake kanggo mbuwang roh-roh jahat ana ing daerah iku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar