UTANG
Ing
wayah sore ana motor mandhek ing ngarep umahe pak Roso. Sing duwe gedhe dhuwur
lan nganggo kaca mripat ireng. Wong mau gedhor-gedhor lawang umahe pak Roso,
tanpa uluk salam, Bu Roso lan Pak Roso nemoni wong mau. “ana ngendhi
Sasmito?!”, pitakone wong gedhe dhuwur mu kanthi emosi. “panjenengan sinten?
Sasmitonipun taksih medal”, jawab bu Roso. Karo clingukan wong mau tetep ngeyel
kepengin mlebu umahe Pak Roso amerga ora percaya yen sasmito lagi lunga. “sestu
pak, Sasmitonipun taksih medal, mangga pinarak rumiyin”, ajake Bu Roso. “pripun
Pak? Wonten punapa kaliyan Sssmito?”, pitakone Pak Roso. “sasmito utang aku limang yuta karo
aku, nanging wis telung sasi ora dibalekake”. Bu Roso kaget, banjur nelpon Hpne
sasmito nanging ora di angkat-angkat.
“piye
misale sasmito mpun wonten griya, mangke tak tembungaken. Amerga kula nggih
boten ngertos masalahipun”, kandhane Pak Roso. “ya wis, sesuk rabu aku bali
rene maneh, yen koutange sasmito ora disauri, motore bakal tak sita”. Wong mau
banjur menyat saka kursi ruang tamu lan enggal lunga numpak motor.
“iki
piye pak? Sasmito ora pernah crita menyang aku masalah dhuwit, apa maneh kanthi
utang rentenir limany yuta? Iku dhuwit ora sithik lho pak?’ pitakone Bu Roso
panik. “Aku yo bingung bu, kok bisa dekne ora crica-crita menyang awakke
dhewe?.
Ora
let suwi, ana suara motor bebek 2tak mandhek ana ing ngarep uamh. “iku pak
Sasmita mulih”’, kandhane bu Roso. “Sas, reneaaku arep takok awakmu, apa bener
owe duwe utang marang rentenir akehe limang yuta? Kanggo apa dhuwit kuwi? Kok
ya kowe ora crita-crita marng kangmas lan mbakyumu?”, “alah mboh!! Pikiranku
lagi putek, ora usah nggawe tambah putek!”, wangsulane Samito karo langsung
mlebu kamar lan mbanting lawang.
Bu
Roso lan Pak Roso banjur crita-crita dhewe ing jero kamar ngenani utange
Sasmito, lan ora sengaja, ranto adhik sangisore sasmiti pas krungu.
Esuke,
Ranto banjur takon apa bener masalah sing bengi dekne krungu. “apa bengi aku
ora salah krungu? Aku bengi ora sengaja krungu sing Kang Roso lan mbakyu
andharake, apa bener mangkono anane?” pitakone ranto.”Iyo To, kangmasmu sasmito
duwe utang semana akehe, nanging ora pernah crita, aku curiga apa bisa kowe
slidhiki polahe kakangmu kuwi?”.
Sore-sore
pas sasmito lungo, di ikuti maring ranto, dheweke wis banget penasarane. Lan jebul
yen Sasmito lunga menyang nggon wong-wong padha judi togel. “O...... Jebul
ngene ta kelakuanmu kang? Kag Roso karo mbakyu lagi bingung ngenani utangmu,
lha kok kowe malah enak-enakan judi ning kene?”. “kowe iki cah cilim To, ora
ngerti apa-apa, mendhing rana bali wae!” Usire sasmito.
Banjur
Ranto bali nemuni kangmas lan mbakyune uga langsung nyeritakake kelakuane
kangmase kae. Ranto mlebu menyang kamare sedilut, lan metu nggawa amplopan,
“kang, mbakyu, iki aku ana simpenan dhuwit, ya kira-kira bisa kanggo nutupi
utange kan sasmito” ujare Ranto karo menehi kangmase amplopan mau. “aduh le,
lha kok dadi kowe sing repot? Kudune kakangmu sing tanggung jawab.” Kandhane Bu
Roso. “wis ora apa-apa mbak, sesuk yen sing nagih utang rene, saurke wae”.
Ora
suwi, Sasmito bali karo rai sing wis babak belur. “kowe ngapa Sas?” pitakone Bu
Roso. “aku njaluk ngapura, dhuwit iku tak nggo judi, saiki aku wis kalah, aku
dijotosi amerga ora bisa nyaur mentang bandhare”. “yo wis ora apa-apa, iki
kanggo pelajaran kowe, aja pisan-pisan mbok lakokna maneh, iki utangmu bakal
disauri Ranto” Ujare Pak Roso. “dhik, aku njaluk ngapura aro kowe ya amerga
klakuanku iki, aku janji ora bakal ngene maneh”. “iya kang, ora apa-apa, sing
penting sampean wis sadhar wae aku wis seneng”.
ijin comot ya ,,, makasih oo :-*
BalasHapus