Pengikut

Minggu, 15 Juni 2014

Asal-usul Aksara Jawa


Ana wong pertapan kang isih enom, namane Aji Saka asale saka Hindustan. Aji Saka lan loro abdine lunga petualang ana ing tanah Jawa. Piyambakipun njelajah mlebu kuta lan desa. Tekane Aji Saka lan abdine iku nduweni maksud nyebarake ilmu pengetahuan.
Sawijining dina, piyambakipunlunga ana ing negara Medang, nanging ana ing perjalanan piyambakipun mampir ana ing pegunungan Kendeng. Aji Saka ngendika karo Sembada abdinipun. “Sembada, sesuk aku arep ing Medang, lan keris ajiku iki aku tinggal ana ing kene, tak percayakake karo awakmu. Sapa wonge teka njaluk keris iki, aja kok wenehna. Menawa aku perlu bakal dak jupuk dhewe. Elinga pesenku!”.
Sakrampunge ngendika, Aji Saka langsung menyang negeri Medang dhewekan. Sak tekane ana ing desa terpencil. Piyambakipun mampir ana ing omahe rondho sepuh kang namane Mbok Rondho Sengkeran.
Piyambakipun takon marang mbok rondho “ apa ana ing kene negara ikunegara Medang?”
Wangsulane Mbok Rondho : “leres, Tuan saking tlatah pundi? Lan punapa maksud tuan wonten ing mriki?”
Wangsulane Aji Saka : “kula pengembara saking tlatah ingkang tebih. Kula wonten ing ngriki anamung mriksani keluhuran negeri Medang. Menawi saged, kula kepengin ngabdi kaliyan Sang Prabu.”
Rondho tuwa iku mangsuli : “Tuan, ajaa panjenengan ngabdi kaliyan Sang prabu. Amargi Sang Prabu remen dhahar daging manungsa. Punapa panjenengan bten pirsa? Negara punika kosong, penduduk kathah ingkang ngungsi amargi jirih” kula punika taksih gesang amargi kula sampun sepuh,  daging kula  sampun boten ecoh.”
Mangkono sementara Aji Saka tinggal ana ing griyane Mbok Rondho Sengkeran.
Saben dina Sang Baginda dhaharan daging manungsa. Lan saben dana ugi kerjane patih Kerajaan Medang nggoleki manungsa kanggo dhaharan Sang Prabu.
AjiSaka punika wong kang sakti.nalika para rakyat kan jirih lan ngungsi, piyambakipun njaluk para rakyak supaya tinggal bareng piyambakipun ana ing griyane Mbok Rondho Sengkeran.
Sepisan maneh Mbok Rondho iku matur marang Aji Saka “pendhem niatmu iku Tuan. Luwih becik tinggalana panggonan iki!”
Wangsulane Aji Saka “Mbok, panjenengan boten susah jirih marang keselametane awak kula punika, tulung kula di ter wonten ing daleme patih supados mangke dipun ter ngadhep Sang Prabu.”
Mbok Rondho Sengkeran ugi ngeter Aji Saka ngadhep patih, ana ing ngadhepane patih, Aji Saka ngutarakake maksud piyambakipun teka ana ing kono, yaiku kepengin ngabdi marang Sang Prabu. Sang Patih mriksani Aji Saka kagum amarga sikap kang becikke iku.Pancen Aji Saka salah sijining pemudha kang bijaksana, lan bagus peraupane. Ana ing ati Sang Patih, piyambakipun ana rasa gela menawa Aji Saka diserahake marang Sang Prabu.
Ngendikane Sang Patih “Iya, Awakmu bakal dak adhepake marang Sang Prabu. Kowe kudu ngerti tugasmu mengko. Amarga ora gampang ngabdi marang Sang Bagindha Raja Medang.”
Wangsulane Aji Saka “Hamba boten badhe gentar ngadhep marang Sang Prabu, Hamba tetep wonten ing pendirianipun kula, inggih punika badhe ngabdi kaliyan Sang Prabu. Menawi hamba tetep slamet, punapa hamba hamba saged nyuwun tanah kang ambanipun kados sorban punika?”
Sang Patih nyanggupi panjalukane Aji Saka. Lajeng Aji Saka di ajak ngadhep Sang Prabu ana ing istana. Ing wektune dhaharan, Aji Saka nhubah wujudipun dadi bocah cilik kan ayu paraupane. Sang Prabu seneng mriksani bocah iku. Lajeng nduweni nafsu kanggo mangan bocah mau. Ananging karo kecekatane Aji Saka, piyambakipun di cekeli lathine. Banjur di suwek nganti mati.
Sakrampunge prastawa mau, Aji Saka ngubah wujude maneh dadi kaya maune.Aji Saka lunga maring griyane Sang Patih menehi kabar manawa Sang Raja wis tewas. Sang Patih seneng.
Banjur Aji Saka nagih janjine mau marang Sang Patih. Sorbane digelar ana ing saknduwure lemah. Sorbane iku sansaya amba nganti sakdesa, kuta, alas, gunung, lan sekabehane. Akhire kabeh kerajaan Medang dadi hak Aji Saka.
Sang Patih ora bisa apa-apa maneh. Akyat Medang ngara lega amarga raja kang seneng dhaharan daging manungsa iku wis tewas. Akhire rakyat ndadekake Aji Saka raja ana ing Medang.
Rakyat kang ngungsi ana ing daerah liya bali ana ing omahe dhewe-dhewe. Wis padha ngolah sawah, lan ladhang. Medang dadi panggonan kang rame ana ing ngisor kekuasaane Aji Saka, negara Medang uga ngalami masa kejayaan. Rakyat urip tentrem. Banjur Aji sak eling marang kerise.
Aji Saka ndhawuhi abdine, yaiku Dora “he Dora, lungaa awakmu menyang pegungunan Kendeng! Jupukana kerisku! Ngomong menwa aku lagi sibuk!”
Wangsulane Dora “inggih Tuanku. Hamba siap”
Banjur Dora lunga menyang Pegunungan Kendeng. Saktekane ana ing kana, Dora nguluk salam marang Sembada. Lan lorone wicantenan amarga wis suwi ora ketemu. Banjur Dora nyampekake maksud teka ana ing kono. Yaiku diutus Aji Saka njupuk keris Aji kagungan Tuanne iku.
Krungu maksude Dora, karo tegas Sembada nolak.
Ujare Sembada “pesene Tuanku Aji Saka, menawa keris iki ora entuk diwenehna marang sapa wae. Menawa tuanku perlu marang keris iki, bakale piyambakipun bakal teka ana ing panggonan iki, lan aku ya ora kena ninggalake panggonan iki sakdurunge Tuan Aji saka teka!”
Kaya mengkono ugi Dora ngrasa menawa dheweke diutus tuane iku. Dheweke ora ngawur.
“aku nggawa surat kuasa bukti titahe Bagindha” wangsulane Dora.
“Aku ora peduli, aku tetep ana ing pendirianku iki”
“Duh kakang Sembada aku kapeksa nganggo kekerasan”
“aku ora nyalahaje awakmu Dora, aku bakal mpertahanake keris iki”
Keloro abdi mau padha mpertahanake perintahe Aji Saka. Lorone ora padha gelem ngalah. Akhire kedadiyan perang antara kelorone. Pancen Sembada lan Dora iku padha-padha sektine.
Amarga padha-padha unggul. Adu kesekten ngakibatake kelorone tewas. Sembada lan Dora mpertahanake perintah Aji Saka, amarga luwih becik mati tinimbang nghianati perintah tuanne iku.
Utusan Aji Saka suwi ora teka. Aji Saka kuwatir marang keloro abdine. Akhire Aji saka ninggalake istana lunga menyang pegunungan Kendeng nyusul Dora lan Sembada. Sakwise tekan, Aji Saka kaget amarga kelorone iku wis dadi layon.
Aji Saka kimutan apa kang pernah dipesenake karo Sembada. Dora lan Sembada abdi kesayangane tewas demi tugas kang di emban. Tewase kelorone iku kanggo bukti kesetiaan lan kepatuhan karo Tuanne. Banjur Aji Saka nyiptakake huruf-huruf kanggo ngelingke kesetiaan loro abdine ana ing nglaksanakake tugas. Huruf jawa iku dikenal dadi Carakan.
Susunan huruf Jawa mau yaiku : ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga.
Hana caraka = ana utusan
Data sawala = pada padu
Padha jayanya = padha-padha sektine

Maga bathanga = mati bareng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar