Pengikut

Selasa, 17 Juni 2014

Pelangi



Tumetesan banyu udan wis pungkas
Tinggal awakmu kang kudu metu kaya wayah ngene iki
Kanthi warnamu kang edi peni
Abang, kuning, ijo, biru, lan sakpanunggale

Kabeh bocah padha metu saka pangiyubane
Kepengin ngerti awakmu kang endah disawang

Ibuku matur
Ngger, ning kana kuwi ana widadari kang arep mudhun
Aku ya ora kepengin kliwatan tekamu
Merga kepengin weruh widadari kang di critakna ibuku

Pelangi......

Warnamu jan edi peni

Jabang Bayi



o, ngger sang jabang bayi
bebarengan tangismu ing sumusup wengi
kowe wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen kowe nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih kowe bisa turu kanthi tentrem
yen kowe mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang jabang bayi

tak gadang dadiya wong kang luhur bebudimu ing tembe

Hape



Jaman saiki pancen canggih
Jaman saiki wis ora kaya biyen
Kabeh wis ora angel
lan ora susah mikiri kang angel-angel

jarak adoh ora usah bingung tinggal kriiiing
weteng luwe ora usah bingung tinggal kriiing

hape,
lha kok kowe bisa ngrajani sekabehane?
Ora wong cilik, tuwa lan enom kabeh mbok kuwasani

Biyen isih jamane wong payah
Ora ana awakmu, kabeh wong gelem padha mlangkah

Adoh sepira ya ora masalah

Pengemis


Kang dak pandheng iku ngenes banget
Cah cilik, ibu-ibu, malah ana sing wis tuwa
Kabeh padha nyadhong ana ing pinggir dalan
Kudune kabeh mau nikmati uripe

Kabeh wong iku nggolek kanggo pangane
Ora ana kang bisa nyukupi kejaba awake dhewe
Ora bisa kang mbantu uripe kecuali awake dhewe

Banjur, ana ngendhi para pemerintah?
Kabeh mau ya rakyate
Apa ora ana ati kanggo nulungi?
Jan ngenes tenan donya iki
Sing sugih tambah sugih

Sing nelangsa tambah nelangsa

CERKAK "UTANG"

UTANG
Ing wayah sore ana motor mandhek ing ngarep umahe pak Roso. Sing duwe gedhe dhuwur lan nganggo kaca mripat ireng. Wong mau gedhor-gedhor lawang umahe pak Roso, tanpa uluk salam, Bu Roso lan Pak Roso nemoni wong mau. “ana ngendhi Sasmito?!”, pitakone wong gedhe dhuwur mu kanthi emosi. “panjenengan sinten? Sasmitonipun taksih medal”, jawab bu Roso. Karo clingukan wong mau tetep ngeyel kepengin mlebu umahe Pak Roso amerga ora percaya yen sasmito lagi lunga. “sestu pak, Sasmitonipun taksih medal, mangga pinarak rumiyin”, ajake Bu Roso. “pripun Pak? Wonten punapa kaliyan Sssmito?”, pitakone Pak  Roso. “sasmito utang aku limang yuta karo aku, nanging wis telung sasi ora dibalekake”. Bu Roso kaget, banjur nelpon Hpne sasmito nanging ora di angkat-angkat.
“piye misale sasmito mpun wonten griya, mangke tak tembungaken. Amerga kula nggih boten ngertos masalahipun”, kandhane Pak Roso. “ya wis, sesuk rabu aku bali rene maneh, yen koutange sasmito ora disauri, motore bakal tak sita”. Wong mau banjur menyat saka kursi ruang tamu lan enggal lunga numpak motor.
“iki piye pak? Sasmito ora pernah crita menyang aku masalah dhuwit, apa maneh kanthi utang rentenir limany yuta? Iku dhuwit ora sithik lho pak?’ pitakone Bu Roso panik. “Aku yo bingung bu, kok bisa dekne ora crica-crita menyang awakke dhewe?.
Ora let suwi, ana suara motor bebek 2tak mandhek ana ing ngarep uamh. “iku pak Sasmita mulih”’, kandhane bu Roso. “Sas, reneaaku arep takok awakmu, apa bener owe duwe utang marang rentenir akehe limang yuta? Kanggo apa dhuwit kuwi? Kok ya kowe ora crita-crita marng kangmas lan mbakyumu?”, “alah mboh!! Pikiranku lagi putek, ora usah nggawe tambah putek!”, wangsulane Samito karo langsung mlebu kamar lan mbanting lawang.
Bu Roso lan Pak Roso banjur crita-crita dhewe ing jero kamar ngenani utange Sasmito, lan ora sengaja, ranto adhik sangisore sasmiti pas krungu.
Esuke, Ranto banjur takon apa bener masalah sing bengi dekne krungu. “apa bengi aku ora salah krungu? Aku bengi ora sengaja krungu sing Kang Roso lan mbakyu andharake, apa bener mangkono anane?” pitakone ranto.”Iyo To, kangmasmu sasmito duwe utang semana akehe, nanging ora pernah crita, aku curiga apa bisa kowe slidhiki polahe kakangmu kuwi?”.
Sore-sore pas sasmito lungo, di ikuti maring ranto, dheweke wis banget penasarane. Lan jebul yen Sasmito lunga menyang nggon wong-wong padha judi togel. “O...... Jebul ngene ta kelakuanmu kang? Kag Roso karo mbakyu lagi bingung ngenani utangmu, lha kok kowe malah enak-enakan judi ning kene?”. “kowe iki cah cilim To, ora ngerti apa-apa, mendhing rana bali wae!” Usire sasmito.
Banjur Ranto bali nemuni kangmas lan mbakyune uga langsung nyeritakake kelakuane kangmase kae. Ranto mlebu menyang kamare sedilut, lan metu nggawa amplopan, “kang, mbakyu, iki aku ana simpenan dhuwit, ya kira-kira bisa kanggo nutupi utange kan sasmito” ujare Ranto karo menehi kangmase amplopan mau. “aduh le, lha kok dadi kowe sing repot? Kudune kakangmu sing tanggung jawab.” Kandhane Bu Roso. “wis ora apa-apa mbak, sesuk yen sing nagih utang rene, saurke wae”.

Ora suwi, Sasmito bali karo rai sing wis babak belur. “kowe ngapa Sas?” pitakone Bu Roso. “aku njaluk ngapura, dhuwit iku tak nggo judi, saiki aku wis kalah, aku dijotosi amerga ora bisa nyaur mentang bandhare”. “yo wis ora apa-apa, iki kanggo pelajaran kowe, aja pisan-pisan mbok lakokna maneh, iki utangmu bakal disauri Ranto” Ujare Pak Roso. “dhik, aku njaluk ngapura aro kowe ya amerga klakuanku iki, aku janji ora bakal ngene maneh”. “iya kang, ora apa-apa, sing penting sampean wis sadhar wae aku wis seneng”.

Tradisi Suronan



Tradisi suronan yaiku salah sawijining tradisi ana ing sasi suro tepte tanggal siji suro. Ana ing daerah-daerah, suronan sering migunakake pagelaranan macapatan. Nanging macapatan iku ora mesthi ana ing kabeh daerah. Salah sawijining tuladha daerah kang ngadhakake suronan nganggo macapatan yaiku daerah Pemalang. Macapatan lan Suronan dadi sak paket kang ora bisa dipisahake. Ana ing daerah tartamtu, macapatan dhewe sering kanggo keperluan tradisi, kayata resik-resik desa, munggahke umah, lan liya-liyane.

Ana ing sakwijining daerah, suronan dianakake kanthi cara prosesi nglarung, yaiku mbuwang sajen-sajen ana ing laut. Ora mung sajen, nanging ana uga ndhas kebo. Miturus kepercayanan daerah, iku mujudake kanggo mbuwang roh-roh jahat ana ing daerah iku.

TRESNAKU



kayungyun duk samana nalika dak sawang
runtut gunemmu
dakik-dakik seratanmu ing nawala
aku ngerti, merga suket godhong lan rembulan
dadi mitramu sejati
rina wengi tan bisa goling
aku rugi.......
merga aku lali
banjur....
tresnaku kaseret pedhut

banjur....
tresnaku kaseret pedhut